warni karo warningsih




assalamua'laikum...
waktune semadan sore,,karo istirahat leyeh ~ leyeh..utak utik secuil jentike..
pan cerita apa ya??..kayong laka sing go bahan cerita..
ya wes...sa'anane ,,sing penting cerita..
kie pan mrupus tentang perbedaan wong pinter karo wong bodoh..
ana bocah wadon loro,,pada bae ayune..pada bae nganggo jilbabe..
tapi ...ana perbedaane,,bisane??..
ayuuhh..di goleti,,di koreek ~ koreek bedane nang endi..oke??..
 cara gampange sing siji arane warni...sing siji maning arane warningsih...hehe..
aja tersinggung ya??..mbokan ana sing pada arane..kie ta mung kanggo contoh..
si warni karo warningsih..tekun ibadahe,,sholate,,ora tau ketinggalan..
tetapine...si warni adong sholat bacaan fatehahe ora fasih kaya si warningsih..
maca tahiyate ya ora pas karo makhroje..lah..nang kono bee wes katon..pada bae
nganggo jilbabe tapi beda isine..
luwih ~ luwih si warni babar blaz ora ngerti sing arane syarat lan rukune ibadah..kaya contone syarat rukune sholat,,puasa,,apa maning carane sesuci sing bener sing pas karo hukum syar'i..blaz ora ngarti..ora kaya si warningsih..pinter lan ngerti syarat lan rukune olehe ngelakoni ibadah..
apa maning bab haidh,,nifas,,istihadhoh...apa maning ngarti..wong ngaji bee ora tahu..
tapi sholate kiyeng nemen..
pernah krungu siji kyai sing alim..ngendikane mekaten '' wong ngelakoni ibadah ora ngarti ilmune ibadah,,niku ibadahe batal ''
ngemuti kalam / sanjange kyai alim...dadi gedek ~ gedek sirahku..
terus kaya contoh si warni karo warningsih..kwe kena go ibarat..
memang jaman wes akhir...katon cassinge / njabane pada apike..pada ayune..pada nutup aurate..tapi jeroane ora pada...
sijine kosong ,,sijine ana isine...
wallahu a'lam...
wes lah ora pan dawa ~ dawa.. sa'mene bae yaa..
wassalam.. :)

Komentar

Postingan populer dari blog ini

kehidupan TKI korea

kerja di KOREA..

Mana yang benar untuk penggunaan Laptop, Charge terus atau saat lowbat saja?